[Cerbo] Pitrah saka Simbah
Ora krasa rong minggu maneh wis riyaya. Kaya adate, Bu Darsih nyengkut ngepaki punjungan bakdan kanggo para sepuh lan para sedulur tuwa. Naran, putrane sing isih umur patang taun uga melu ngrewangi. Dheweke ngulungake isen-isen punjungan ngiras dolanan. Lambene ndremimil ora mandheg anggone takon. Kala-kala uga diselani nyanyi-nyanyi. Dumadakan Naran mlayu marani cendhela kaca, nyawangi kahanan ing ngarepan omah. Ora let suwe banjur mlayu maneh marani Ibune.
“Ibuk..Ibuk…saiki yen tindak-tindak kudu nganggo ninja ya?”.
Ibune ngguyu kemekelen banjur nerangake marang putrane manawa piranti kuwi jenenge masker. “Saiki yen Dhik Naran, Bapak, Ibuk, Mas Damar arep metu ngomah kudu nganggo masker amarga ing njaba akeh virus covid 19 sing mbebayani. Yen ora penting banget, awake dhewe ning ngomah wae. Dolane sukmben yen wis aman ya Dhik”, ngendikane Bu Darsih. Naran langsung mecucu. Praupane ketok cuwa banget amarga wis sawetara suwe ora diolehake dolanan ing njaba.
“Viruse kok nakal men ta Buk. Naran wis wijik sabun terus, wis ning omah terus. Viruse kok ora lunga-lunga ki apa nunggu pitrah?”. Naran muni-muni sinambi ngranggeh botol susu banjur nglipus turu.
Pasa taun iki beda banget karo taun-taun sadurunge. Kahanane pancen luwih sepi lan luwih mutawatiri. Kabeh kuwi amarga sumebare virus covid-19. Kanggo ngawekani sumebare virus, pamarentah menehi pamrayoga supaya tetep ing ngomah wae. Kajaba kuwi, pamarentah uga ngetrapake PSBB utawa Pembatasan Sosial Berskala Besar sing njalari para warga sansaya ora bebas lunga mrana-mrana. Ing ngendi-ngendi uga padha nganakake lockdown, kaya ing perumahane Bu Darsih. Portal perumahan ditutup krekep. Manawa butuh metu, ndadak lapur marang satpam perumahan. Amarga kahanan, wusanane punjungan riyaya kang digaweni mau mung bisa dieterake menyang cedhak-cedhakan. Punjungan riyaya menyang beda Kabupaten dikirimake lumantar jasa paket.
Kahanan kang beda uga dirasakake banget dening Damar, kangmase Naran kang kudu nglakoni sekolah ana ngomah. Saben dina dheweke kudu sinau lumantar sambungan internet. Gurune ing adoh kana maringi wulangan lan maringi tugas. Damar nggarap tugase saka ngomah banjur dikirimake marang gurune lumantar sambungan internet uga. Kaya dina iki, dheweke entuk tugas gawe poster. Wiwit sakjam kepungkur, Damar wis nyengkut nggambar ing kamare. Kala-kala tuwuh rasa kangene bisa sekolah maneh. Pancen luwih marem manawa bisa mirengake langsung wulangan saka Bu Guru lan Pak Guru. Uga luwih nyenengake manawa bisa sinau bebarengan karo kanca-kanca sakelase.
“Dhik Naran, Mas Damar, iki ana pitrah saka Mbah Tandur”.
Naran age-age mlayu marani Ibune. Damar uga langsung mara nyedhak. Naran seneng banget nampa amplop kuwi. Nanging bareng ngerti isine, dheweke mlongo.
“Iki apa Mas?”.
“Oo..kuwi tiket Bonbin”, wangsulane Kangmase.
“Bonbin kuwi apa Mas?”.
Damar banjur ngajak adhine menyang panggone nggambar sakawit. Naran nututi Kangmase, pitakone nrithik, “Mbah Tandur kok ora maringi pitrah ki apa Naran nakal Mas?”. “Lha nek ora diparingi pitrah, ngko ora sida jajan?”. “Bonbin kok gambare hewan-hewan ki ngopo Mas?. “Bonbin kuwi panggone ngendi? Kaya ngapa? Adoh pora? Jare ora oleh dolan”.
Naran rada mandheg anggone takon-takon amarga keslimur nyawangi gambarane kangmase. Ana gambar gajah, unta, jerapah lan pinguin. Gajah, unta lan jerapah padha jejer ing sangarepe spanduk “SELAMATKAN KAMI”. Ing ngarep dhewe ana gambar pinguin sing ngadeg ing tengah-tengah sinambi nlangkupake swiwine ing ngarep dhadha. Kangmase banjur nerangake manawa kewan-kewan ing gambare kuwi lagi padha njaluk pitulungan marang para menungsa. Manawa ora enggal ditulungi, kewan-kewan kuwi bakal mati keluwen. Mangsa virus covid-19 iki kabeh papan wisata kalebu Kebun Binatang padha tutup. Mulane uripe para kewan uga nelangsa amarga pengelolane kentekan dhuwit kanggo tuku pakan.
Damar banjur nerangake manawa Kebun Binatang kuwi papan jembar sing dadi panggonan uripe maneka kewan sing biasane asring diprangguli ing alas. Ancase supaya kewan-kewan mau tetep lestari. Ing Kebun Binatang, kewan-kewan mau banjur dikandhangake miturut jinise banjur dipamerake marang para warga sing padha kepengin weruh maneka satwa sing dilindungi dening negara. Ana kewan sing panganane daging, kayata macan, singa, baya, linsang. Ana kewan sing panganane tetuwuhan ijo lan woh-wohan kayadene gajah, jerapah, zebra, unta, landak, kidang, siamang, monyet, kanguru, kuda nil lan kuda poni. Ana kewan sing panganane daging, tetuwuhan ijo lan woh-wohan kayadene beruang lan luwak. Ana uga bangsa manuk, ing antarane merak, kasuari, nuri, kakaktua, alap-alap, elang, rajawali, pelikan, unta lan pinguin.
“Panggone digawe kaya ning alas kae lho Dhik. Yen baya ya ana kaline. Yen unta ya ana gurun pasir e, yen gajah ya mengko ana suketane”, kandhane Damar.
“Dhik Naran isih kelingan apa ora?. Numpak gajah, nonton pinguin, nonton atraksi iwak lumba-lumba. Terus poto bareng manuk nuri lan gogor?”. Dumadakan Bapake melu lungguh ing cedhake Naran diiringake Bu Darsih sing ngasta potone Naran lan Damar bareng manuk nuri lan gogor utawa anak macan.
“Iki lhoo ana pinguin kesayanganmu”, Bu Darsih nuduhake poto pinguin. Naran pancen seneng banget marang kewan pinguin. Kewan lucu kuwi asring diterokake cara mlakune dening Naran. Naran banjur lunjak-lunjak seneng.
“Iyaa..iyaa…ayo dolan Bonbin!. Yen ngono Mbah Tandur ijik sayang Naran ya?”.
“Ya mesthine ta Dhik. Mbah Tandur maringi pitrah tiket amarga nyumbangake dhuwit menyang Bonbin banjur entuk ijol tiket-tiket kae mau. Mengko yen kahanan wis aman, awake dhewe isa dolan Bonbin nganggo tikete Mbah Tandur.”, Bu Darsih paring wangsulan sinambi ngelus-elus rambut kriwile Naran.
“Yen Dhik Naran lan Mas Damar kepengin ngewangi pinguin, uga bisa melu nyumbang kaya Mbah Tandur”, ngendikane Bapake.
Naran wiwit mesam-mesem mbayangake dolan menyang Kebun Binatang ketemu pinguin, kewan senengane. Jebul pitrah wujude ora kudu dhuwit. Kanthi pitrah awujud tiket Bonbin malah rasane luwih marem amarga bisa ngewangi titahe Gusti Kang Maha Kuwasa.
*Karya pemenang dalam sayembara menulis cerita bocah (cerbo) berbahasa Jawa tahun 2020, Sanggar Sastra Triwida
Fitri Kartika Sari, M.Pd.
Penulis, dosen Pendidikan Bahasa Jawa STKIP PGRI Ponorogo